Senin, 22 Februari 2010

atur-atur

ATUR-ATUR TAHLILAN

Kepareng matur dumateng ngarsanipun Bapak, anamung mbok bilih wonten lepatipun atur kulo sak mangke nyuwun pangapunten.

- Sowan kulo mriki ingkang sepisan niat silaturohmi soho tuwi kawilujengan /kasungenganipun Bapak sak keluarga.

- Ingkang kaping kalehipun terang/kulo dipun kengken / utus Bapak……….mbok bilih mboten wonten alangan satunggal punopo, mbenjang sonten wanci jam /tabuh …..sonten/ndalu Bapak kasuwun rawuh wonten papanipun / dalemipun Bapak ………. sak perlu kasuwunan berkah maos kalimah toyibah, wondene tujuanipun wewaosan kagem ngintun (alm)………..kaleres…………dintenipun.(saperlu wilujengan satus dinten sedanipun bapak.Ibu…….)

ATUR-ATUR GENDUREN

Kepareng matur dumateng ngarsanipun Bapak/Ibu, anamung mbok bilih wonten lepatipun atur kulo ing sak mangke nyuwun pangapunten.

- Sowan kulo mriki ingkang sepisan niat silaturohmi soho tuwi kawilujengan /kasungenganipun Bapak sak keluarga.

- Ingkang kaping kalehipun terang dipun kengken / utus Bapak……….mbok bilih mboten wonten alangan satunggal punopo, mbenjang sonten wanci jam /tabuh …..sonten/ndalu Bapak kasuwun rawuh wonten papanipun / dalemipun Bapak ………. sak perlu kasuwunan berkah lenggah kenduri, kagem tasyakuran nengeri / pernikahan putranipun.

LAYATAN

Kepareng matur dumateng ngarsanipun Bapak, anamung mbok bilih wonten lepatipun atur kulo ing sak mangke nyuwun pangapunten

- Sowan kulo mriki ingkang sepisan niat silaturohmi soho tuwi kawilujengan /kasungenganipun Bapak sak keluarga.

- Ingkang kaping kalehipun nyaosi prikso bilih rikolo wau ndalu/enjang/sonten/siang wanci tabuh/jam …… Bapak/Ibu katimbalan sowan wonten ngarso dalem Allah SWT, wondene jenazahipun badhe dipun sarekaken mbenjang siang/sonten wanci jam/tabuh……..siang/sonten. Mbok bilih mboten wonten alangan setunggal punopo Bapak kasuwun rawuh ta’ziyah wonten dalemipun/papanipun Bapak …….. ing……..

- Meniko serat pawartos lelayu kulo aturaken sumonggo.

PUNJUNGAN

Kepareng matur dumateng ngarsanipun Bapak/Ibu….. sowan kulo mriki ingkang sepisan silaturahmi dumateng Bapak/Ibu…….. sak keluarga.

Ingkang kaping kalehipun kulo dipun utus Bapak/Ibu………ingkang pidalem wonten…..…..bilih Bapak/Ibu dipun caosi dhaharan, kagem tasyakuran anggenipun kagungan damel nikahaken / nengeri putranipun.

PAMIT

Kepareng matur dumateng Bapak/Ibu gandheng sowan kulo sampun cekap soho katampi wilujeng, kulo nyuwun pamit badhe ngajengaken lampah.

Atau

Ingih pak, matur nuwun. Salajengipun sarehning taksih kathah jejibahan ingkang dereng rampung, kulo nyuwun pamit. Menawi anggen kulo matur wonten kalepatan, kulo nyuwun pangapunten. (sinambi pamit).

0 komentar: